Sunday, September 20, 2015

tuladha pacelathon wong tua karo wong enom

Bapak: Riyan, spa sing nggawa majalah ana meja kene?
Riyan: Kula mboten ngertos Pak, mbok menawi Mbak Sista.
Bapak: Tenan, ora ngerti?
Riyan: Saestu Pak, kula boten sumerap.
Bapak: Lha terus Mbak Sista menyang endi iki mau?
Riyan: Dhateng dalemenipun Bu Amelia, badhe ndamel kliping ngaten lho.
Bapak: Wah, mengko gek majalahe digawa mrana kanggo kliping.
Riyan: Bapak menapa dereng maos majalah kalawau?
Bapak: Ya durung, wong isih anyar
riyan: Lha inggih, mangke dipun damel kliping kaliyan Mbak Sista.
Bapak: Ya muga-muga ora. Mesthine rak ya ngerti yen isih anyar.
Riyan: Nggih mugi-mugi mboten Pak. Majalah menapa ta pak?
Bapak: ya masalah basa jawa, jaya baya lan penyebar semangat.
Riyan: Oo... kalih ta majalahipun?
Bapak: Iya. Ya wis, mengko rak digawa bali. Wis kana dolana maneh.
Riyan: inggih Pak, matur nuwun..

Copas dari : serbagunapastiada.blogspot.com

No comments:

Post a Comment